PREDIKSI JAWA KUNO

Prediksi-pridiksi jawa kuno bisa kita rasakan dimasa sekarang ini, mari kita tinjau dan kaji kembali makna yang tersimpan dalan pesan yang disampaikan didalamnya. silakan disimak.

Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran
Tanah Jawa kalungan wesi
Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang
Kali ilang kedhunge
Pasar ilang kumandhang
Iku tandha yen tekane jaman Jayabaya wis cedhak
Bumi saya suwe saya mengkeret
Sekilan bumi dipajeki
Jaran doyan mangan sambel
Wong wadon nganggo pakeyan lanang
Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-waliking jaman
Akeh janji ora ditetepi
Akeh wong wani nglanggar sumpahe dhewe
Manungsa padha seneng nyalah
Ora ngendahake hukum Allah
Barang jahat diangkat-angkat
Barang suci dibenci
Akeh manungsa mung ngutamakke dhuwit
Lali kamanungsan
Lali kabecikan
Lali sanak lali kadang
Akeh bapa lali anak
Akeh anak wani nglawan ibu
Nantang bapa
Sedulur padha cidra
Kulawarga padha curig
Kanca dadi mungsuh
Akeh manungsa lali asale
Ukuman Ratu ora adil
Akeh pangkat sing jahat lan ganjil
Akeh kelakuan sing ganjil
Wong apik-apik padha kapencil
Akeh wong nyambut gawe apik-apik padha krasa isin
Luwih utama ngapusi
Wegah nyambut gawe
Kepingin urip mewah
Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka
Wong bener tenger-thenger
Wong salah bungah
Wong apik ditampik-tampik
Wong jahat munggah pangkat
Wong agung kasinggung
Wong ala kapujaWong wadon ilang kawirangane
Wong lanang ilang kaprawirane
Akeh wong lanang ora duwe bojo
Akeh wong wadon ora setya marang bojone
Akeh ibu padha ngedol anake
Akeh wong wadon ngedol awake
Akeh wong ijol bebojo
Wong wadon nunggang jaran
Wong lanang linggih plangki
Randha seuang loro
Prawan seaga lima
Dhudha pincang laku sembilan uang
Akeh wong ngedol ngelmu
Akeh wong ngaku-aku
Njabane putih njerone
suci, nanging sucine palsu
Akeh bujuk akeh lojo
Akeh udan salah mangsa
Akeh prawan tuwa
Akeh randha nglairake anak
Akeh jabang bayi lahir nggoleki bapakne
Agama akeh sing nantang
Prikamanungsan saya ilang
Omah suci dibenci
Omah ala saya dipuja
Wong wadon lacur ing ngendi-endi
Akeh laknat
Akeh pengkianat
Anak mangan bapak
Sedulur mangan sedulur
Kanca dadi mungsuh
Guru disatru
Tangga padha curiga
Kana-kene saya angkara murka
Sing weruh kebubuhan
Sing ora weruh ketutuh
Besuk yen ana peperangan
Teka saka wetan, kulon, kidul lan lor
Akeh wong becik saya sengsara
Wong jahat saya seneng
Wektu iku akeh dhandhang diunekake kuntul
Wong salah dianggep bener
Pengkhianat nikmat
Durjana saya sempurna
Wong jahat munggah pangkat
Wong lugu kebelenggu
Wong mulya dikunjara
Sing curang garang
Sing jujur kojur
Pedagang akeh sing keplarang
Wong main akeh sing ndadi
Akeh barang haram
Akeh anak haram
Wong wadon nglamar wong lanang
Wong lanang ngasorake drajate dhewe
Akeh barang-barang mlebu luang
Akeh wong kaliren lan wuda
Wong tuku ngglenik sing dodol
Sing dodol akal okol
Wong golek pangan kaya gabah diinteri
Sing kebat kliwat
Sing telah sambat
Sing gedhe kesasar
Sing cilik kepleset
Sing anggak ketunggak
Sing wedi mati
Sing nekat mbrekat
Sing jerih ketindhih
Sing ngawur makmur
Sing ngati-ati ngrintih
Sing ngedan keduman
Sing waras nggagas
Wong tani ditaleni
Wong dora ura-ura
Ratu ora netepi janji, musna panguwasane
Bupati dadi rakyat
Wong cilik dadi priyayi
Sing mendele dadi gedhe
Sing jujur kojur
Akeh omah ing ndhuwur jaran
Wong mangan wong
Anak lali bapak
Wong tuwa lali tuwane
Pedagang adol barang saya laris
Bandhane saya ludhes
Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan
Akeh wong nyekel bandha nanging uripe sangsara
Sing edan bisa dandan
Sing bengkong bisa nggalang gedhong
Wong waras lan adil uripe nggrantes lan kepencil
Ana peperangan ing njero
Timbul amarga para pangkat akeh sing padha salah paham
Durjana saya ngambra-ambra
Penjahat saya tambah
Wong apik saya sengsara
Akeh wong mati jalaran saka peperangan
Kebingungan lan kobongan
Wong bener saya thenger-thenger
Wong salah saya bungah-bungah
Akeh bandha musna ora karuan lungane
Akeh pangkat lan drajat pada minggat ora karuan sababe
Akeh barang-barang haram, akeh bocah haram
Bejane sing lali, bejane sing eling
Nanging sauntung-untunge sing lali
Isih untung sing waspada
Angkara murka saya ndadi
Kana-kene saya bingung
Pedagang akeh alangane
Akeh buruh nantang juragan
Juragan dadi umpan
Sing suwarane seru oleh pengaruh
Wong pinter diingar-ingar
Wong ala diuja
Wong ngerti mangan ati
Bandha dadi memala
Pangkat dadi pemikat
Sing sawenang-wenang rumangsa menang
Sing ngalah rumangsa kabeh salah
Ana Bupati saka wong sing asor imane
Patihe kepala judhi
Wong sing atine suci dibenci
Wong sing jahat lan pinter jilat saya derajat
Pemerasan saya ndadra
Maling lungguh wetenge mblenduk
Pitik angrem saduwure pikulan
Maling wani nantang sing duwe omah
Begal pada ndhugal
Rampok padha keplok-keplok
Wong momong mitenah sing diemong
Wong jaga nyolong sing dijaga
Wong njamin njaluk dijamin
Akeh wong mendem donga
Kana-kene rebutan unggul
Angkara murka ngombro-ombro
Agama ditantang
Akeh wong angkara murka
Nggedhekake duraka
Ukum agama dilanggar
Prikamanungsan di-iles-iles
Kasusilan ditinggal
Akeh wong edan, jahat lan kelangan akal budi
Wong cilik akeh sing kepencil
Amarga dadi korbane si jahat sing jajil
Banjur ana Ratu duwe pengaruh lan duwe prajurit
Lan duwe prajurit
Negarane ambane saprawolon
Tukang mangan suap saya ndadra
Wong jahat ditampa
Wong suci dibenci
Timah dianggep perak
Emas diarani tembaga
Dandang dikandakake kuntul
Wong dosa sentosa
Wong cilik disalahake
Wong nganggur kesungkur
Wong sregep krungkep
Wong nyengit kesengit
Buruh mangluh
Wong sugih krasa wedi
Wong wedi dadi priyayi
Senenge wong jahat
Susahe wong cilik
Akeh wong dakwa dinakwa
Tindake manungsa saya kuciwa.

Ratu karo Ratu pada rembugan negara endi sing dipilih lan disenengi.
Hore! Hore!

1 comments:

  1. Jaman Edan, Yen Ora Edan Ora Keduman. Nanging Sak Beja-bejane Wong Edan, Isih Luwih Beja Kang Eling Lan Waspodo