dokumen jawa tertanggal 18-3-1

Kita tinjau dan kaji kembali makna pesan yang disampaikan leluhur kita dulu kala, banyak sekali prediksi dari mereka terbukti dimasa sekarang ini. mari kita simak pesan mereka.


KAKI LAWU MANUNGGAL LAN KAKI WISNU NGABDI PALON GAWE PEPALI

1. Jing Ora ngandel lan percaya wecaning jagad, kabeh bakal ngelakoni aja padha kaget, anak ratu apa dadu, anak Presiden apa dudu, anak Jendral apa dudu, sugih apa titah mlarat, anom tuwa, lanang apa wadon, ora dibedak-bedakake.
2. Jing sapa gawe bakal nganggo.
3. Jing sapa selak bakal kapidak.
4.Jing sapa nandur bakal ngundhuh.
5. Jing sapa tambuh ora diakoni.
6. Jing sapa lali bakal ilang.
7. Jing sapa utang wajibe kudu nyaur.
Padha ngandela mring pribadimu dewe-dewe, tekoka mring jerohanmu ya pribadimu supaya tansah tinuntun, urip gelema ngakoni hamung saderma.
Lamun kabuntel pikirane, othak-athiking pikir Para Pinter, Para Winasis, Wong tuwa ngaku-aku, rina lan wengi enggone tansah adol upas, bakal kejlompronng hinng uripe, janji ora netepi ucape, suk aja padha kaget lamun ora kanggo nggwae, aja padha rumangsa bisa, becik bisa rumangsa.
Wonng pinter sundul Jagad paribasane lamun ditutup dadi lan gendenge, bodoa dikaya ngapa lamun dibukak dadi lan ngertine.
Para titah lamun bisa lan gadug dha rasanen kanthi weninging cipta, keterangan nduwur iki men padha ora bingung.
Wis nngerti lakone, wis ngerti lakune, lamun ora bisa matrapake, kuwi jeneng tuwas uripe ana Jagad jing digelar iki.
Jing ngati-ati dalane lunyu tur rumpil, klaras roning Jati Aking, pelok pelem lali jiwa, panganku duren, woh manggis kudu den openi apadene sawo kecik, dijangka men kawula uripe lestari ayem tentrem hing salawase.
Aja padha gawe bingung kawula, wedia hing luput.
Lamun wis tekan wancine, kawula bisa ilang wedine jing ana mung karek wanine, ora wedi ing pati, padha eling-elingen ing bab iki !!!

KARANG KADEMPEL ARGA LAWU,

KAKI LAWU MANUNGGAL - WISNU NGABDI PALON

0 comments: